Postingan

Menampilkan postingan dengan label Bahasa Jawa

Tembung : Paribasan, Saloka, Bebasan

Gambar
Paribasan-Saloka-Bebasan Adigang, adigung, adiguna . Ngendalake kakuwatane, kaluhurane, lan kapinterane. Ana gula ana semut . Panggonan sing ngerjekine mesthi akeh wong sing nekani. Anak polah bapak kepradhah . Wong tuwa nemu reribed amarga saka polahing anak. Ancik-ancik pucuking eri . Tansah kuwatir. Bathok bolu isi madu . Wongasor nanging sugih kapinteran. Becik, ketitik, ala ketara . Becik utawa ala bakal ketara dhewe ing tembe burine. Cebol nggayuh lintang . Duwe kekarepan sing mokal bisane kelakon. Cecak nguntal cagak . Gegayuhan kang ora timbang kayo kakuwatane. Crah agawe bubrah rukun agawe santosa . Padudon njaluri ringkih, rukun njlari kuwat. Desa mawa cara, negara mawa tata . Saben panggonan duwe cara dhewe-dhewe. Dhemit ora ndulit, setan ora doyan . Tansah ginanjar slamet, ora ana sing ngribedi. Diwenehi ati ngrogoh rempela . Nyuwun, wis diparingi sethithik ndadak nyuwun sing akeh. Emban cindhe emban siladan . Siji la...

Tembung: Gugon Tuhon

Gambar
Gugon Tuhon Gugon tuhon kuwi awujud pitutur sing sinamun (ora ketara). Lumrahe nganggo dikantheni tembung aja utawa ora ilok, sing ateges ora becik. 1.    Aja kureb ajang. Sawise madhang, aja banjur ajange dikurebake becike isahana dhisik. 2.   Aja ngaglah, lungguh ana ing lawang. Amarga lungguh ana ing lawang njalari ngalang-ngalangi wong sing arep liwat (metu mlebu). 3.   Aja mangan ing paturon. Amarga bisa ogregedi paturon, kejaba yen nalika lara. 4.   Aja mangan mlaku. Amarga mangan karo mlaku mesthine ora becik tumrap kasarasan. Tur murang tata. 5.   Aja ngidoni sumur, mundhak suwing lambene. Sumur sing kena idu banyune dadi reged. Luwih-luwih idune wong lara nular. 6.   Aja mangan karo ngadeg, mundhak wetenge dawa. Amarag mangan karo ngadeg iku saru. Becike lungguh sing apik. 7.   Aja payungan ing jero umah. Amarga saru, mundhak diarani wong edan. 8.   Aja nyapu dalu. Lumrahe wong nyapu dalu ora bi...