Selasa, 17 Mei 2016

Tembung: Gugon Tuhon

Gugon Tuhon

Gugon tuhon kuwi awujud pitutur sing sinamun (ora ketara). Lumrahe nganggo dikantheni tembung aja utawa ora ilok, sing ateges ora becik.

1.   Aja kureb ajang. Sawise madhang, aja banjur ajange dikurebake becike isahana dhisik.

2.  Aja ngaglah, lungguh ana ing lawang. Amarga lungguh ana ing lawang njalari ngalang-ngalangi wong sing arep liwat (metu mlebu).

3.  Aja mangan ing paturon. Amarga bisa ogregedi paturon, kejaba yen nalika lara.

4.  Aja mangan mlaku. Amarga mangan karo mlaku mesthine ora becik tumrap kasarasan. Tur murang tata.

5.  Aja ngidoni sumur, mundhak suwing lambene. Sumur sing kena idu banyune dadi reged. Luwih-luwih idune wong lara nular.

6.  Aja mangan karo ngadeg, mundhak wetenge dawa. Amarag mangan karo ngadeg iku saru. Becike lungguh sing apik.

7.  Aja payungan ing jero umah. Amarga saru, mundhak diarani wong edan.

8.  Aja nyapu dalu. Lumrahe wong nyapu dalu ora bisa resik, tur bleduge bisa ngregedi barang-barang liyane.

9.  Aja lungguh ing bantal, mundhak wudunen. Bantal kuwi kajang sirah, mulane saru yen dilungguhi.

10.   Aja mangan panas. Amarga mangan panas-panas cetha bakal membayani tumrap kasarasan.

11. Ora ilok mangan sangga ajang. Amarga mangan sangga ajang gampang wutah. Becike ajange dideleh ing meja.

12.   Ora ilok njangkar wong tuwa. Ngundang wong tuwa sarana nyebutake jenenge thok (jangkar), cetha murang tata.

13.   Ora ilok gawe sumur ing ngarepan omah. Amrag bebayani bocah dolan.

14.   Ora ilok ngendheg uwuh. Amarga bisa ngregedi panggonan liyane yen kabur angin.

15.   Ora ilok nggelar kasur tanpa sepre. Amarga yen reged angel, ilang-ilangane.

16.   Ora ilok seneng ndhelok. Amarga ndhelok (turu wayah esuk), nyata ora becik. Esuk wayahe wong nyambut gawe.

17.   Ora ilok uncal uwuh. Amarga nguncalake uwuh bisa ngregedi liyane, becike buwangane ing kranjang (kranjang sampah).

18.   Ora ilok dolanan beras, engko tangane kithing. Amarga bisa ngregedi beras kang ajeng di masak.

19.    Ora ilok mangan karo ngomong. Amarga murang tata krama lan bisa gawe keselek.

20.  Ora ilok mbuwang uwuh neng longan. Amarga ora becik tumrap kasarasan. Uwuh ingkang suwe saged nimbulake bibt penyakit lan ambune apek.


Lah, niku kanca tuladhanipun ungkapan Gugon Tuhon. Mugi-mugi saged diterapaken ing kegiatan masyarakat. Lan mugi-mugi ingkang sekedhik niki saged bermanfaat kangge kita sedoyo. Amiin. J J

Tidak ada komentar:

Posting Komentar