Paribasan-Saloka-Bebasan
Adigang, adigung, adiguna.
Ngendalake kakuwatane, kaluhurane, lan kapinterane.
Ana gula ana semut.
Panggonan sing ngerjekine mesthi akeh wong sing nekani.
Anak polah bapak kepradhah.
Wong tuwa nemu reribed amarga saka polahing anak.
Ancik-ancik pucuking eri.
Tansah kuwatir.
Bathok bolu isi madu.
Wongasor nanging sugih kapinteran.
Becik, ketitik, ala ketara.
Becik utawa ala bakal ketara dhewe ing tembe burine.
Cebol nggayuh lintang. Duwe
kekarepan sing mokal bisane kelakon.
Cecak nguntal cagak.
Gegayuhan kang ora timbang kayo kakuwatane.
Crah agawe bubrah rukun agawe santosa. Padudon njaluri ringkih, rukun njlari kuwat.
Desa mawa cara, negara mawa tata. Saben panggonan duwe cara dhewe-dhewe.
Dhemit ora ndulit, setan ora doyan. Tansah ginanjar slamet, ora ana sing ngribedi.
Diwenehi ati ngrogoh rempela.
Nyuwun, wis diparingi sethithik ndadak nyuwun sing akeh.
Emban cindhe emban siladan.
Siji lan saijine ora padha pangrengkuhe (ora adil).
Esuk dhela sore tempe. Ora
teteg atine (molah-malih).
Gajah ngidak rapak. Wong
sing nrajang wewelere (larangan) dhewe.
Ing ngrasa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri
handayani. Sing ana ngarep menehi conto,
sing tengah menehi karep (arah), sing mburi menehi daya.
Jalukan ora wewehan. Seneng
njaluk nanging ora gelem weweh.
Jer basuki mawa baya. Kabeh
gegayuhan mbutuhake wragad.
Kacang mangsa ninggala lanjaran. Kalakuane anak lumrahe tiru-tiru wong tuwane.
Kadang konang.
Mgakoni sadulur mung karo sing sugih-sugih.
Kebo kabotan sungu. Wong
tuwa sing rekasa uripe. Amarga kabotan ngopeni anak-anake.
Kebo nusu gudel. Wong
tuwa njaluk wuruk marang wong enom.
Kagedhen empyak kurang cagak.
Kagedhen kekarepan nanging ora simbada.
Keplok ora tombok. Melu
seneng-seneng nanging ora gelem cucul wragad.
Kere munggah bale. Wong asor
(cilik) didadeake wong gedhe.
Kriwikan dadi grojogan. Prakara
cilik dadi gedhe.
Kutuk marani sunduk. Njarag
(marani) bebaya.
Mikul dhuwur mendhem jero.
Njunjung drajate wong tuwa.
Nabok nyilih tangan. Nindakake
panggawean ala saran kongkonan.
Nguyahi segara. Weweh
marang wong sugih, tiwas tuwas.
Rawe-rawe rantas, malang-malang putung. Kabeh kang ngalang-ngalangi disingkirake.
Sandhing kebo gupak. Sandhing
wong ala, bisa-bisa katut ala.
Sapa salah seleh. Sapa sing
salah bakal konangan.
Sepi ing pamrih rame ing gawe. Tumandang gawe tanp
a duwe kemelikan apa-apa.
Sluman slumun slamet. Senajan
kurang ngati-ati, ewadene diparingi slamet.
Tumbak cucukan. Seneng adul-adul.
Tut wuri handayani. Paring
kelonggaran nanging uga paring pepeling amrih becike.
Welas tanpa alis. Welas
marang wong kang ndadekake sangsarane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar